TEMBANG MACAPAT
1. Sinom
Pangéran kang sipat murah
Njurungi kajating dasih Ingkang temen tinemenan Pan iku ujaring dalil
Nyatané ana ugi Iya Kiyageng ing Tarub Wiwitané nenedha
Tan pedhot tumekeng siwi Wayah buyut canggah warèngé kang tampa
2. Pangkur
Lumuh tukua pawarta,
Tan saranta nuruti hardengati,
Satata tansah tinemu,
Kataman martotama,
Kadarmaning narendra sudibya sadu,
Wus mangkana kalih samya,
Sareng manguswa pada ji.
3. Kinanti
Padha gulangen ing kalbu Ing samita amrih lantip
Aja pijer mangan néndra
Kaprawiran dèn kaèsthi
Pesunen sariranira
Sudanen dhahar lan guling
4. Megatruh
Sigra milir sang gèthèk sinanggga bajul Kawan dasa kang njagani Ing ngajeng miwah ing pungkur Sinangga ing kanan kèring Sang gèthèk lampahnya alon
5. Asmaradana
Sepiku ing tengah wengi
Aku tansah kelingan
Saiki sing tak rasakne
Saya suwe saya cuwa
Aku kur basa pasrah
Kabeh rasamu nggo aku
Ora bisa tak rasakna
6. Durma
Ing kana–kene akeh mayit gumelethak
Kang mbela nagari
Nggo ngusir penjajah
Lara ra sepiroa
Nganthi tumeka ing pati
Bisa merdeka
Kang tujuan utami
7. Gambuh
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur
Polah kang kalantur
Tanpo tutur katulo-tulo katali
Kadaluwarso katutur
Katutuh pan dadi awon
8. Mijil
Poma kaki padha dipun eling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarang tanduk
9. Dandanggula
Lamun sira anggeguru kaki
Amiliha manungsa kang nyata
Ingkang becik martabate
Sarta kang wruh ing hukum
Kang ngibadah lan kang wirangi
Sokur oleh wong tapa
Ingkang wus amungkul
Tan mikir pawewehing lyan
Iku pantes sira guranana kaki
Sartane kawruh ana
Maratani mring anak putu ing wuri
Den padha prayitna
Ajana kang kuma wani
Mring biyung tanapi bapa
11. Pocung
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawankas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara